Aku Seneng Nulis Jawa

Nalika pelajaran Basa Jawa, Bu Guru maringi materi nulis Jawa. Aku wis kenal tulisan Jawa wiwit kelas 4. Saiki,ana ing kelas 5 aku sinau pasangan aksara Jawa. Dina iki aku sinau adeg-adeg lan pada lungsi. Yen miwiti nulis ukara, nggunakake adeg-adeg lan kanggo nutup ukara nganggo pada lungsi. Kajaba kuwi aku uga sinau sandhangan panyigeg wanda, yaiku layar, cecak, lan wignyan. 
Mau,aku nulis ukara 'Salimah gawe sega goreng'.
Aku nggunakake wignyan kanggo mungkasi tembung  'Salimah',lan nggunakake cecak kanggo mungkasi tembung 'goreng'

Nailka pelajaran Basa Jawa,aku lan kanca-kancaku paling seneng nulis aksara Jawa. Aku seneng nulis Jawa amarga bisa melu nglestarekake budaya Jawa. Jebul nulis Jawa iku ora angel,mung butuh ketelatenan lan kudu nggatekake paugeran bab panulisane. Dina iki aku seneng amarga aku bisa nulis aksara Jawa lan aku oleh biji 100 saka 5 soal sik diparingi bu guru.

No comments:

Post a Comment