Pandhawa

Pandhawa iku cacahe ana lima,mula terus kaprah diarani Pandhawa lima. Puntadewa ya Yudhistira minangka pembarepe. Watake ambeg darma lan nrima ing pandum,adoh saka hawa kamurkan. Sing nomer loro arane Werkudara ya Bima Sena.Pawakane gedhe dhuwur lan gagah prakosa. Sing nomer telu jenenge Raden Janaka ya Raden Arjuna kang kondhang baguse,prigel lan trampil manah minangka panengahe Pandhawa. Dene Nakula lan Sadewa mujudake satriya kembar kang dadi wuragile. Pandhawa lima mujudake satriya kang duweni watak utama,ambeg darma,lan luhur bebudine. Wiwit cilik mula wis katon luhuring budi.Pandhawa lima seneng welas marang wong cilik lan seneng tetulung marang wong kang nandhang sengsara.

Sumber : Remen Basa Jawi V 

No comments:

Post a Comment